Assalamualaikum wr.wb
Ibu kepala sekolah SMPN XX semarang ingkang kinurmatan, bapak ibu guru lan karyawan ingkang kula urmati, saha rencang-rencang lan adhik-adhik kelas ingkang kula tresnani.
Puji syukur kula aturaken kalian Allah SWT , ingkang sampun maringi kasehatan saenggo kita saged pepanggihan ing adicara perpisahan kelas 9 ing wektu niki.
Kula vivi minangka wakilipun kanca-kanca kelas 9 kaparenga matur ing ngarsa panjenengan sedaya awit sakedhap malih badhe nilaraken sekolahan punika saperlu nglajengakenwonten SMA. Kula ngaturaken panuwun dhateng ibu kepala sekolah saha bapak ibu guru ingkang kanthi kamurahanipun , kaikhlasanipun saha ketresnanipun anggenipun nggulawenthah kula sakanca saengga ing UAS / UAN pikantuk biji ingkang sae.
Kula minangka wakilipun kelas 9 nyuwun pangapunten menawi wonten tindak-tanduk kula sakanca ugi tansah nyuwun pangestu supados saget nglajengaken wonten SMA ingkang favorit.
Kula cekapi semanten atur pamitan menawi wonten atur kula saha kirang trapsilaning anggen kula matur , kula nyuwun agunging samodra pangaksami.
Wassalamualaikum wr.wb
.Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar